Rabu, 10 Oktober 2012

Nyêmbahyangakên Prodiakon Paroki



Allah, Rama ingkang  pênuh ing sih,/ kawula munjuk atur panuwun/ krana kêparêng Dalêm nimbali putra-putri Dalêm/ lêladosan minangka prodhiakon paroki./ Krana baptis sarta kasantosan,/ Sampéyan Dalêm ngêparêngakên para prodhiakon/ sêsarêngan umat miwah para uskup, imam dalasan dhiakon/ nampi pandum ing kaimaman Dalêm Sang Kristus./ Panyuwun kawula/ karêntahna Roh Suci Dalêm dhatêng para prodhiakon,/ supados sami  tawêkêl sarta sêtya/ wicaksana tuwin gambira/ salêbêtipun asung lêladi dhatêng umat./ Karana pangrêksa Dalêm/ mugi para prodiakon sabiyantu kaliyan para pamimpining Pasamuwan,/ amrih sumrambahing karsa anggèn Dalêm nucèkakên/ saha anjrahing Injil karahayon Dalêm
  dhatêng umat/  tuwin masarakat sakiwa têngên kawula./ Kaparênga paring nugraha kabêtahaning gêsang dhatêng brayatipun./ Mugi para prodhiakon nêngênakên para papa, miskin, siningkir, lan difabêl/ ing lêladosanipun./ Sarêng kaliyan Ibu Maria, Ratuning Sagung Nugraha/ kawula unjukakên sêmbahyang kawula punika,/ Lantaran Sang Kristus, Gusti kawula. Amin.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar