Rabu, 10 Oktober 2012

Sêmbahyang Mungkasi Lêladi minangka Prodhiakon



“Aku munjuk atur panuwun ing Pangéran,/ jiwaku surak gambira ing Allahku,/ awit Pangéran ngrênggani aku mawa sandhangan karahayon,/ lan nyingêbi aku mawa jubah kasunyatan...”

Allah, Rama ingkang mahawicak,/ kawula munjuk atur panuwun ing ngarsa Dalêm,/ déné sampun ngêparêngakên kawula ngêmban ayahan minangka prodhiakon,/ lêladi dhatêng umat sutrêsna Dalêm ing Paroki Santo Yusup Baturetno punika./ Brana ingkang nyantosakakên kapitadosan saèstu kawula alami./ Sapunika kawula ngrumaosi/ pranyata makatên wau péranganing margi/ Sampéyan Dalêm nrêsnani,/ mêmangun,/ saha akarya suburing kadiwasan kapitadosan kawula lan brayat kawula./ Kawula sumêdya mungkasi ayahan lêladi mirunggan punika/ lan badhé kasulihan déning sadhèrèk-sadhèrèk kawula sanèsipun./ Kaparênga paring pangampingan, dhuh, Rama,/ amrih sangsaya kathah sadhèrèk kawula/ rila tumanggap dhatêng wisik tuwin timbalan Dalêm,/ ndhêdhêr wijining asih,/ nyêbar èsêming pangajêng-ajêng/ saha mbabar gumêlar ing pakaryan./ Hyang Roh Suci, Risang Pêpadhang,/ paringa nugraha lan pangampingan dhatêng para kadang prodhiakon énggal mangké,/ amrih dadosa paladi ingkang tumanggap dhatêng kawontênaning umat,/ satêmah umat sagêd mêthik woh mabondhotan saking lêladosanipun./ Krana Sang Kristus, Gusti kawula.  
Amin.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar